Materi Bahasa Jawa Kelas 12
BAB 2 GEGURITAN Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang ngurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kanb biasa-biasa wae. A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ngisor iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjir menehi tanda ngaso(/) utawa sigeg(//). Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. Menawa cara-cara kasebut sampun dilakoni, ...