Bahasa Jawa kelas 10 Semester 1
BAB III
Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani deninh bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio(media audio), televisi(media audio-visual), lan Internet (media sosial)
Gelar Budaya ing Sonobudoyo[1]
YOGYA (KRjogja.com) [2]-Museum Sonobudoyo Ngayogyakarta ngadani acara 'Gelar Budaya' malij kanthi tema 'mudha, kreatif, mbudaya', 16-18 April 2016[3]. Maneka warni lomba seni kan budaya kasiyagakaken, kadosta lomba beksan siswa TK, gobag sodor kangge siswa SD, lomba cerdas-cermat kangge siswa SMP, lan lomba njajah museum kangge siswa SMA. Ingkang ndherek lomba beksan wonten 20 TK, lomba gobag sodor 16 SD, lomba cerdas-cermat 15 SMP, dene lomba njajah museum dipundhereki dening 20 SMA Ingkang sumebar ing DIY[4].
Kasi bimbingan informasi dan reparasi Museum Sonobudoyo, Bapak Dwi Agung Hernanto, S. S., M.M.ndhawuhaken [4] bilih lomba menika katujokaken dhuma-teng para siswa kanthi pangajap supados para mudha langkung caket kaliyan Sonobudoyo minangka laboratoriumipunkabudayaan..... (R-2)
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani kanggo mangsuli pitakon kang gegayutan 5W+1H,kang jlentrehe:
What : kadadeyan apa kang diwarta-kake/dikabarake.
Who : sapa wae kang di wartake.
When : kapan wektu kalakone kadadeyan.
Where :ing ngendi papan kelakonane kadadeyan
Why : geneya bisa kelakon kadade-yan
How : kepriye mungguh kalakone kadadeyan
Supaya nanggapi utawa menehi panemu gegayutan karo pawarta kang diwaca, prayogane para siswa ngreti ragangan utawa struktur pawarta. Umume, teks pawarta iku dumadi saka 4(patang) perangan kang baku, yaiku headline, dateline, lead, lan blegere pawarta.
Irah-irahane pawarta utawa ringkesane lead biasane diarani headline, gunane Kanggo narik kawigatene pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ([1]). Deatline isine papan lan wektu kadadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kadadeyan ([2]). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesan pawarta gunane kanggo mbantu pamaca Nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan data kang disuguhake ing lead mau ([4])
Jlentrehe pawarta kang wujude fakta, dhata, lan bukti-bukti liyane iku papane ana ing perangan bleger. Cara anggone panulis nyuguhake bleger adhakane nggunake model piramida kuwalik utawa uga Black paragraph.
Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan - katrangan kang pra pati penting, iku tegese nggunakake Modhel piramida kuwalik. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene Modhel Black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.
D. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liyo kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, Kendal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba prekara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur(kominikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kapenak ora keseron ya ora kelirihen. Kang di karepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudhu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhiake anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Pawarta
Ing jaman informasi iki, pawarta dadi kabutuhan kang ora bisa diendhani deninh bebrayan. Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang nggunakake medhia cithak lan ana uga kang nggunakake medhia elektronik. Kang nggunakake medhia cithak upamane, ariwati utawa koran, kalawarti utawa majalah, buletin, lan sapanunggale. Dene kang nggunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio(media audio), televisi(media audio-visual), lan Internet (media sosial)
A. Maca lan Nemokake Isine Teks Pawarta
Gelar Budaya ing Sonobudoyo[1]
YOGYA (KRjogja.com) [2]-Museum Sonobudoyo Ngayogyakarta ngadani acara 'Gelar Budaya' malij kanthi tema 'mudha, kreatif, mbudaya', 16-18 April 2016[3]. Maneka warni lomba seni kan budaya kasiyagakaken, kadosta lomba beksan siswa TK, gobag sodor kangge siswa SD, lomba cerdas-cermat kangge siswa SMP, lan lomba njajah museum kangge siswa SMA. Ingkang ndherek lomba beksan wonten 20 TK, lomba gobag sodor 16 SD, lomba cerdas-cermat 15 SMP, dene lomba njajah museum dipundhereki dening 20 SMA Ingkang sumebar ing DIY[4].
Kasi bimbingan informasi dan reparasi Museum Sonobudoyo, Bapak Dwi Agung Hernanto, S. S., M.M.ndhawuhaken [4] bilih lomba menika katujokaken dhuma-teng para siswa kanthi pangajap supados para mudha langkung caket kaliyan Sonobudoyo minangka laboratoriumipunkabudayaan..... (R-2)
Maca teks pawarta kang tujuane supaya ngerti isine, bisa disaranani kanggo mangsuli pitakon kang gegayutan 5W+1H,kang jlentrehe:
What : kadadeyan apa kang diwarta-kake/dikabarake.
Who : sapa wae kang di wartake.
When : kapan wektu kalakone kadadeyan.
Where :ing ngendi papan kelakonane kadadeyan
Why : geneya bisa kelakon kadade-yan
How : kepriye mungguh kalakone kadadeyan
B. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Pawarta
Irah-irahane pawarta utawa ringkesane lead biasane diarani headline, gunane Kanggo narik kawigatene pamaca, isine mujudake ringkesan saka sakabehe isi pawarta kang ditulis ([1]). Deatline isine papan lan wektu kadadeyan utawa jenenge layang kabar lan papan kadadeyan ([2]). Lead utawa emperane pawarta, isine ringkesan pawarta gunane kanggo mbantu pamaca Nemokake pokok isine pawarta ([3]). Bleger iku bukti lan data kang disuguhake ing lead mau ([4])
C. Nulis Teks Pawarta kanthi Ragam Basa kontekstual
Modhel piramida iku yen anggone ngandharake pawarta diwiwiti saka bab kang ora pati penting nuju marang kang penting dhewe. Dene yen pawarta dijlentrehake saka perangan kang penting dhewe lagi katrangan - katrangan kang pra pati penting, iku tegese nggunakake Modhel piramida kuwalik. Modhel kronologis cara ngandharake pawarta kang njlentrehake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi urut lan genep. Dene Modhel Black paragraph ora mentingake perangan siji lan ngenthengake perangan liyane. Ing kene, kabeh perangan dianggep padha pentinge.
D. Maca Teks Pawarta kanthi Nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liyo kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, Kendal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba prekara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur(kominikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kapenak ora keseron ya ora kelirihen. Kang di karepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudhu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhiake anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Sangat membantu
BalasHapusYuhhu sangat membantu
BalasHapusBagusss
BalasHapusSangat membantu sekali
BalasHapusWoowww mantapp
BalasHapusPerlu diajarkan sangat membantu
BalasHapusWow
BalasHapusbagus
BalasHapusSangat membantu
BalasHapus👌👌
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusWadooo
BalasHapusMantap
BalasHapusSangat membantu dan mudah dimengerti thanks👍👍👍
BalasHapuswihh apik nan
BalasHapusBagus
BalasHapusmudah dimengerti
BalasHapusBagus
BalasHapusNice 👍👍👍👍
BalasHapusBagus
BalasHapus