Materi Bahasa Jawa Kelas 11 Semester 2

BAB VI

   A. CRITA RAKYAT

 Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapituture. Crita rayat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. 

     B. Crita rakyar nduwe unsur-unsur  pembangunan :
   
    Tema, yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.
Tokoh/penokohan, yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
Latar (setting), yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
Alur (plot), yaiku urut-urutane prastawa ing crita.
Sudhut pandhang, yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kepindho, utawa wong ketelu.
Amanat, yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.
   
    C. Titikane crita rakyat 

 Panyebarane kanthi lesan,
Duweni sifat tradhisional,
Sugih carkik lan variasi,
Jeneng pangriptane ora konangan,
Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
    D. Mupangate crita rakyat
   
  Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
Mupangat dedikatif, yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kebenaran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
Mupangat estesis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
Mupangat religiusitas, yaiku ngemu sajroning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
    
    E. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku :

   Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Sumur Jalatundha, Rara Jonggrang, lan sapanunggale.
Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
  
      F. Sinopsis 

   Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cerkak nanging bisa njlentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
 Tema          : gagasan pokok, pokok crita
Latar           : papan lan wektu dumadine prastawa
Alur             : lakuning crita
Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjir bisa di gawe sinopsis 

   Sumber : Gagasan Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar