Materi Bahasa Jawa Kelas 11
BAB 2
Njaga Tentreming Urip Bebrayan
Tembung novel asale saka bahasa Italia novelia kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa di andhi ngake karo crita cerkak, novel iku luwih dawa lan luwih genep isine.
A. Maca lan nanggapi isine teks crita cerkak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyataan trus dibumboni, bisa uga murni saka khayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Senajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan. Kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intristik, kang nyakup underane prekara(tema), paraga(tokoh), lan watake tokoh(penokohan), lakune crita(alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake(point of view), kapan lan papan kadadean crita kasebut(setting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca(amanat).
Njlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug bareng dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata : sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita : alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajroning crita. Pengarange dadi paraga utama( 'aku' ing crita') apa dadi paraga kang mung nyeritakake ( 'dheweke ing crita'). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kadadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene alamat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang di kandhut utawa diemot ing crita iku
B. Nemokake Tuntunan Kang Ana Jroning Teks Novel lan Njumbuhake Karo Kahanane Bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasan pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Sakliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan(religius), setya marang negara(patriotisme), pendhidhikan, kabudayaan, lan sapanunggale.
C. Nulis Sinopsis Novel Nggunakake Ragam Basa Kang Jumbuh/Cocog Karo Konteks Lan Pranatan/Aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose(inti) crita kang ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyeritakake maneh nganggo basamu dhewe.
D. Naliti Sinopsis novel Gegayutan Karo Jumbuhe Karo Konteks Lan Pranatan
Nulis sinopsis ing kene mengaku karep, kanca padha kanca(sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan(saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iku umume diarani njilimeti utawa menyunting. Ing kegiatan njilimeti iki kang dijilimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika(bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Istimewa π
BalasHapusBaguss ππ
BalasHapusππ
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusThanksπππ
BalasHapusSiplah
BalasHapusBagus
BalasHapusSipp
BalasHapusMuantull
BalasHapusMantul
BalasHapusMantul
BalasHapussangat membantu lur
BalasHapussippp
BalasHapusNice πππ
BalasHapusBagus
BalasHapus